MATERI
:
BASA RINENGGA
Basa jawa iku sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lesan utawa
tulisan kang karengga-rengga, ditulis amrih katon endah. Jinise basa rinengga
iku akeh mula ora kabeh basa rinengga diwulangake ing piwulang iki.
Basa
rinengga lumrahe dienggo ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing
wayang purwa, wayang wong, kethoprak lsp. Malah wektu iki akeh wong padha
nggilut basa rinengga ing kursus-kursus sesorah utawa pranatacara. Basa
rinengga bisa uga awujud tembung saroja, tembung entar, tembung garba.
Carane macak
utawa majang basa rinengga kang
wigati ana werna loro
1. Migunakake undha usuke basa kang
baku, jangkep, kang akeh nganggo basa krama alus.
2. Milih tembung-tembung kang dirasa luwih endah,kayata :
a. Tembung baku dudu tembung pacelathon
b. Tembung basa jawa deles, dudu tembung saka basa manca.
c. Tembung sopan dudu tembung lugu.
d. Tembung andhahan kang rimbage karasa endah.
e. Migunakake tembung-tembung kawi
Katrangan ing dhuwur kena dipepantes kanthi prasaja yaiku :
1. Amarga basa rinengga migatekake undha usuk lan tembung-tembung kang baku. Ateges akeh pambiyantune tumrap panganggone
undha usuk,
basa kang endah lan prayoga.
2. Amarga basane endah basa rinengga katulis utawa lesan padha disenengi
wong akeh. Sabanjure wong-wong ora mung
seneng marang endahing basa nanging uga seneng marang undha usuke basa.
Tembung Saroja : tembung loro utawa luwih sing padha utawa meh padha tegese
dienggo bebarengan sing gunane kanggo mbangetake surasane.
Tuladhane :
Raden Janaka iku watake andhap asor
Tembung andhap padha karo tembung asor kang tegese endhek
utawa sopan
Tembung Entar : tembung kang
tegese ora sawantahe / ora salugune.
Tuladhane :
Tugina dadi bocah sing lunyu ilate mula kancane ora ana sing
seneng
Tembung lunyu ilate
tegese gunemane mencla-mencle.
Tembung Garba : Tembung loro utawa luwih sing digandheng
dadi siji sarana nyuda
cacahe
wandane.
Tuladhane :
Satriyatama saka tembung satriya + utama
Aneng saka tembung ana + ing
Tuladha basa rinengga :
- Basa rinengga kanggo murwakani mangayubagya
para tamu.
Tuladhane
:
Para
rawuh ingkang minulya saha dahat kinurmatan, para pinisepuh pepundhen ingkang
pantes sinudarsana, para pangembate praja ingkang tuhu luhure budi, para
manggalaning ngayuda ingkang hambeg mahambara,
tuwin sagung para tamu kakung miwah putri, keparenga kawula sowan ing ngarsa
panjenengan sami, minangka talanging atur panjenenganipun Bapak Natadiarjo
anggenipun kagungan kersa....
- Basa rinengga kanggo ing tembang
Mijil
Dedalane guna lawan
yekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur
wekasane
Tumung kula yen
dipun dukani
Bopang den simpangi
- Ana catur
mungkurBasa rinengga kanggo ing wayang
BATHARA CAKRA
SEKRETARIS KAHYANGAN
KANG DITITISI
NURUNAKE RAJA-RAJA TANAH JAWA
Ana
sawijining dewa kang duwe tugas gedhe tur penting ing kahyangan yakuwi Bathara Cakra. Bathara Cakra kalebu dewa pinter
lan teliti, mula Bathara Guru menehi tugas penting dadi juru tulise para dewa.
Saben ana prentah lan keputusan-keputusan penting kang dumadi jroning rapat
para dewa dicathet kanthi permati dening Bathara Cakra ana ing kitab kadewatan.
Bathara
Guru uga maringi tugas penting liyane yakuwi nurunake wahyu lan jimat marang
manungsa ana ngarca pada. Ing antarane nurunake jamus kalimasada marang
puntadewa Bathara Guru uga nate mercaya Bathara Cakra paring wejangan marang
Begawan Sutikna kang mapan ing gunung kutarunggu. Ngenani ilmu tata praja lan kaprajuritan………….
- Basa rinengga kanggo ing
geguritan
Coban Randha
Kumricike tirta rinungu saka kadohan
Lelagon peksi nambahi endahing
swasana
Sumilire bayu rumesep ing raga
Adhem atis kang rinasa
Saya cedhak saya rinungu gumrojoge tirta
Ndadekake ingsun kepengin rana
Andeleng wujud nyata sapa sira
Kang bisa narik kawigaten kula
Netra tan kedhep ndeleng wujud nira
Kang jumeneng gagah prakoso
Wit-witan ngupengi sira
Kaya-kaya
arep ngranggeh akasa
PARIBASAN,BEBASAN,SALOKA
Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane, ngemu teges entar,tetembunge wantah ora
ngemu surasa,upama utawa pepindhan(emper-emperan).
Tuladha :
·
Alon-alon waton kelakon
Tegese Sembarang pegawean yen dilakoni ati-ati
mesthi kasile apik
·
Anak polah bapak kepradhah
Tegese Wong tuwa nemu reribed amarga saka polahing
anak
Bebasan
yaiku unen-unen kang ajeg panggonane ngemu surasa pepindhan, mawa teges entar .
Dene sing dipindhakake utawa diemperne yaiku kahanan,sipat utawa tingkah
lakune.
Tuladha :
·
Bathok bolu isi madu
Tegese Wong asor nanging
sugih kapinteran
·
Jarit luwas ing sampiran
Tegese wong duwe kapinteran
nanging ora digunakake
Saloka
yaiku unen –unen kang ajeg panggonane
,ora kena owah lan ora kena diganti tetembunge sarta ngemu surasa pepindhan.
Dene kang dipindhakake wonge,watake utawa sipate. Biasane nganggo tembung
kewan.
Tuladha :
·
Iwak klebu ing wuwu
Tegese kena apus sarana
gampang banget
·
Asu arebut balung
Tegese padu rebutan barang
sepele
Insert code: <i rel="code">Put code here</i> or <i rel="pre">Put code here</i>
Insert image: <i rel="image">Put Url/Link here</i>
Insert title: <b rel="h3">Your title.</b>
Insert blockquote: <b rel="quote">Put text here</b>
Bold font: <b>Put text here</b>
Italics: <i>Put text here</i>
[iframe]Enter Your Embed Video Url Here[/iframe]
0 Comments